Crita Pengalaman



Crita yaiku Tuturan kang mratelakake maneka warni kedadosan yaiku arupi kedadosan kang kasunyatan utawi mung rekaan.
PENGALAMAN yaiku sawijining prastawa kang wis dialami.
PENGALAMAN LUCU yaiku kedadeyan kang nyata wis dialami paraga lan saged andadosake wong kang maca utawa ngrungokna dadi ngguyu (gumujeng)
DHAGELAN yaiku crita lucu nanging critane wis dirancang dhisik (nganggo  skenario),   lakone (tokohe) nyinau rancangan crita, terus njarag gawe lucu, kalamangsane nganggo selingan musik / gamelan.
Crita Pengalaman yaiku kedadeyan-kedadeyan apa wae sing wis tau dialami dening sawijining wong tumanem ing ati, dadi pengeling-eling tumrap wong sing ngalami. Pengalaman sing dialami dening saben wong lumrahe beda-beda siji lan sijine,

Miturut jejere crita pengalaman iku kaperang dadi loro:

1.      Ana pengalaman pribadi,

Pengalaman pribadi yaiku pengalaman sing dilakoni/ dirasakake dening manungsa dhewe.

2.      kedadeyan kang dialami dening masyarakat/ bangsa.

Kedadeyan penting kang dialami dening sawenehing bangsa kanthi bukti kang nyata dadi sejarah.

Dene nitik saka isi ceritane, pengalamaan ana kang wujud:
1.      Pengalaman nyenengake
yaiku pengalaman kang gawe bungah atine wong kang ngalami
2.      pengalaman kang lucu,
yaiku pengalaman kang gawe guyu tumrap wong kang ngalami
3.      pengalamaan kang ngayelake,
4.      pengalaman gawe trenyuh
yaiku pengalaman kang gawe susahing ati tumrap wong sing ngalami.
5.      lan sapanunggalane.

Kawruh kang bisa dijupuk saka crita pengalaman:

Pengalaman Pribadi iku guru kang paling apik. Ujar – ujar iku pancen bener , jalaran kanthi anane pengalaman, wong urip kang nduweni akal sehat mesthi bisa njupuk kawruh utawa pelajaran lan wulangan saka pengalaman kang wes kedadean iku. Beda manungsa, beda uga pengalamane, senadyan kedadeane padha papan lan panggonane, nanging saben manungsa beda anggone nanggepi kedadean iku. Ana kang nganggep wis umum, ana uga kang nganggep ora umum.

Ngrungoake cerita pengalaman iku ana mupangate yaiku bisa nambahi sesurupan, ilmu lan pengetahuan senajan awake dhewe durung tau ngalami apa kang diceritakake ing sajroning pengalaman.

 

Tuladha crita pengalaman:

ALAT ANTI MALING DIKIRA PIN

Dina Setu malem Ahad, Romelah tanggaku sing duwe anak cilik ngajak mlaku-mlaku. Tujuwane tumuju mall ing kutha. Ndilalah ing mall ana kedadeyan ngisinake sing ora bisa dilalekake. Putrane Romelah pancen isih kelas papat SD. Dadi ya wajar yen nganti dheweke nggawe masalah. Nalika kuwi bubar blanja-blanja, Romelah lan anake mulih. Lha kok saka lawang alarm muni banter ngagetake. Satpam sing tanggap langsung wae nyekel Romelah lan anake. Merga satpam kuwi weruh Romelah lan putrane pas metu, alarm muni. Romelah mesthi wae protes merga ora rumangsa nyolong. Lha wong barange wis dibayar ing kasir. Nanging satpame tetep njaluk ijin mriksa. Merga ora ngrasa salah, pungkasane , Romelah gelem bae di priksa. Ndilalah ing sake klambi putrane ana alat anti maling. Wujude alat anti maling kuwi pancen kaya dulinan Bentuke kaya pin sing ditempelake ing klambi. “Kok njupuk iki kenapa?” pitakone Romelah marang putrane. “kula kinten niki dolanan, Bu. Kula boten semerep,” jawabane anakke karo keweden. Satpame wusanane maklumi. Nanging Romelah isin tenan merga wis diglandhang kaya maling. Apa tumon alat anti maling dikira dolanan.

( Deny Wibisono - Ambalu – Jember )


RINGTON ANYAR
Kadadeyane wis sesasi kepungkur. Wektu iku kancaku, Eni kang menawa ing kos-kosan kerep ngentut nganti dijuluki ”Ratu Ngentut”. Dheweke lagi mimpin rapat wulanan organisasi kampus. Lagi wae rapat diwiwiti lan anggotane padha konsentrasi ngrungokake, ndelalah keprungu swara preeeet ...epreeet ... preeeet .....
            Spontan Ali nyaut, ”Rington HP ne sapa ya.... kok keren?” sakalan kanca-kanca liyane padha ngguyu.
            Karo ngguya-ngguyu Eni nyaut, ”Aku, sapurane ya, cah! Aku ora tahan maneh.”
Rapat sing maune adem-ayem dadi rame. Kabeh padha ngguyu kemekelen amarga swara mau.
”Mbok download neng endi kok swarane beda karo umume…?” pitakone kanca-kanca. Sakala praupane Eni abang ireng amarga isin.
            Yen kelingan kadadeyan kuwi aku ngguyu dhewe, mosok ana ringtone HP kok swarane .... preeeet .... epreeeet .... preeeeet .....!
Halimatus Sadiyah Jl. Lidah Wetan Gg. 3/8 D Surabaya

Bilu tau pinter durung nglakoni, tegese wong pinter iku isih kalah karo wong pengalaman. Tetembungan iku bener. Jalaran ngelmune wong pinter iku kadhang kala durung diuji ana ing praktik urip ing saben dinane.
Nanging manawa pengalaman iku wis diuji, katindhakake ana ing panguripan. Ngrungokake pengalamane wong liya iku penting. Sebab kanthi cara ngrungokake crita awake dhewe bisa oleh pengalaman kang anyar. Utawa oleh panglipur kang murah. Kadhang kala bisa nukulake empati marang wong kang krungo lan maca. Umpanane rasa welas, trunyuh, lsp. Pengalaman mau bisa saka bener sing dialami dhewe lan uga bisa dialami saka critane wong liya.
Wong sing pinter crita iku antarane nggunakake:
1.   Basa sing digunakake pas utawa prasaja ora nganggo tetembungan kang angel dimangerteni wong sing ngrungokake utawa sing maca.
2.   Kudu paham marang bab urut-urutane crita kang mapan ing kono
3.   Bisa migunakake barang kanggo nggampangake olehe carita.
4.   Nyarira utawa trep marang wewatake para paragane.
5.   Aja grusa-grusu ngrampungake carita, lsp.

Tata cara nyritakake pengalaman :
  1. Nulis pengalaman sing wis dilakoni yaiku diwiwiti kanti prolog/purwaka/pangiring
  2. Diwaca maneh supaya yen owah-owahan bisa ditambah utawa dikurangi
  3. Katulis kanthi runtut lan panulisane sing bener lan trep diksine
Nyritakake  kanthi runtut miturut apa sing tinulis kanti ekspresi kang trep.

Related Posts :

0 Response to "Crita Pengalaman"

Post a Comment

CEK WETON

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :