seputar wayang

Gunungan wonten ing salebetipun cariyos reringgitan


Gunungan:
o    Gunungan inggih menika gambar wayang ingkang wujudipun kados gunung. Ing salebetipun gunungan wonten gambar lawang kados dene gerbang, ingkang dipunjagi dening buta cacah kalih cepengan gada lan tebeng.
o    Gunungan ing pawayangan ugi asring sinebat Kayon. Sanesipun gunungan menika nggambaraken kerajaan, gunungan ugi kangge pratandha giyaran wayang badhe dipunwiwiti.
o    Gunungan utawi kayon wiwitanipun dipunripta dening Raden Patah.
o    Winastan gunungan amargi wujudipun memper gunung limrahipun.
o    Gambar wayang menika dipunginakaken saben pagelaran wayang (wayang purwa, wayang krucil, wayang golek, wayang gedhog, wayang suluh, lan sanesipun).

Jinisipun Gunungan:
Mituhu wujudipun, gunungan utawi kayon saged dipunperang dados kalih, inggih menika:
o    Kayon Gapuran, wujudipun radi alit kanthi gambar gapura. Sisih kiwa tengenipun dipunjagi dening buta utawi raseksa. Sisih wingking kayon wonten gambaran utawi wewujudan geni warna abrit.
        

o    Kayon Blumbangan, wujudipun radi ageng lan langkung endhep upami dipunbandhingaken kaliyan kayon gapuran. Sisih ngandhapipun wonten gambar kolam kanthi toya wening, samadyanipun kayon wonten gambar ulam cacahipun kalih ingkang sami adhep-adhepan, lan sisih wingkingipun wonten gambar segara ingkang warninipun sami kaliyan warni langit.
      Hasil gambar untuk kayon blumbangan

Gambar Salebetipun Gunungan
Sedaya gambar ing salebetipun gunungan inggih menika:
o    griya endah kanthi undhag-undhagan ingkang cacahipun tiga lan korinipun dipunrengga gambaripun Bethara Kamajaya ingkang adhep-adhepan kaliyan Dewi Ratih,
o    buta utawi raseksa ingkang sami adhep-adhepan, kanthi mbekta gada utawi pedhang jangkep kaliyan tamengipun,
o    naga ingkang ngghadhahi swiwi kalih,
o    alas ingkang dipunrengga dening para kewan,
o    macan ingkang adhep-adhepan kaliyan bantheng,
o    wit-witan ageng ing tengahipun alas, dipunubeti dening sawer,
o    makara ing tengahipun wit,
o    kethèk cacahipun kalih lan lutung ingkang mapan ing wit,
o    pitik alas cacah kalih ing sanginggilipun wit-witan.

Ginanipun Gunungan
Gunungan ing pagelaran wayang gagrag Yogyakarta:
ü  Gambar-gambar salebetipun gunungan nggambaraken saisining jagad raya jangkep kaliyan isinipun. Gunungan ing pagelaran wayang nggadhahi jejer ingkang wigati.
ü  Minangka tandha pagelaran wayang badhe dipunwiwiti, inggih nalikanipun gunungan dipunbedhol ing tengah-tengahipun kelir, lajeng dipuntancepaken ing sisih tengen.
ü  Minangka tandha gantosipun jejer lan ugi dipunginakaken dhalang kagem nggambaraken owah-owahanipun swasana.
ü  Minangka tandha gantosipun pathet.
ü  Nggambaraken tumuruning wahyu saking dewa, angin, lan sanesipun.
ü  Nggambaraken geni, inggih menika kanthi malik gunungan ingkang sisihipun nggadhahi gambar geni.
ü  Minangka sarana dhalang anggenipun nggambaraken medalipun kekiyataning paraga wayang.
ü  Minangka tandha purnanipun pagelaran wayang, kanthi nancepaken gunungan ing tengah-tengahipun kelir.

Werdinipun Gunungan
Gunungan saged dipunmaknani:
§   Gunungan saged dipunmaknani minangka lambang pancer, inggih menika jiwa utawi sukma. Kajawi menika, wujudipun ingkang arupi wajik (segitiga) nggadhahi teges manungsa menika kagungan unsur cipta, rasa, lan karsa. Lambang gambar pesagi (segiempat) ngemu werdi, manungsa nggadhahi sekawan sadherek. Sadherek kasebat inggih menika siti, geni, toya, lan hawa utawi angin.
§   Gunungan minangka lambang alam ing pawayangan. Mituhu kapitayanipun Hindu, segi makrokosmos gunungan ingkang dipunputer-puteraken kaliyan dhalang, ngetingalaken campuhipun sedaya piranti dados satunggal. Salajengipun, samudayanipun dados wewujudan donya saisinipun.
§   Gunungan ngadhahi werdi, minangka tandha panguripan. Saben gambar ing gunungan, ngetingalaken saisining piranti ing sajroning jagad. Wiwit saking manungsa, kewan, alas, lan samudayanipun.
v  Wujud gunungan arupi limas (segi lima), nggambaraken gangsal wekdal ingkang kedah dipunlampahaken dening manungsa muslim.
v  Wujud lancip menika nggadhahi werdi gandheng ceneng antawisipun manungsa kaliyan gustinipun.
v  Gambar wit minangka pratandha ingkang mbabaraken digdayanipun Gusti Ingkang Maha Wikan, ingkang sampun maringi pangayoman dhumateng sedaya titah ing ngalam donya.
v  Sedaya kewan ingkang karipta ing gunungan nggadhahi 3 (tigang) teges:
(1) sipat,
(2) bebuden, lan
(3) watek, ingkang dipungadhahi saben manungsa.
v  Gambar sirah raseksa utawi buta nggambaraken kahanan manungsa ingkang gesangipun ing ngalam donya nggadhahi sipat rakus lan awon kados setan.
v  Gambar ilu-ilu geni nggambaraken lampahipun gesang manungsa karidhu dening maneka warna godha, coba, bebaya, lan sanes-sanesipun.
v  Gambar segara ngemu pratandha ingkang njlentrehaken pikiranipun manungsa.
v  Gambar buta nyepeng gada nggadhahi werdi panjagining rasa ing ngalam peteng lan padhang.
v  Gambar Joglo mbabaraken kahananipun negari ingkang aman lan tenterem, awit sampun kinayoman dening ngrembakanipun wit-witan lan isen-isen sanesipun.
v  Gambar raseksa minangka lambangipun menungsa ingkang kirang tata.

0 Response to "seputar wayang"

Post a Comment

CEK WETON

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :