Homonim


yaiku tembung-tembung kang padha pangucapane lan padha panulisane, nanging beda tegese sebab asale tembung kang beda.
upamane:
1.   -  Kula rade pandung panjenengan punika sinten? (pangling)
      -  Rehning punika kathah pandung, mila kedah ngantos-atos. (maling)

2.   - Mengko yen ibu duka kepriye, mbak? (nesu)
      -  Bocah ditakoni kok mung duka bae, sebel aku! (embuh)


3.   - berase wadhahana kanthong. (wadhah)
      -  arep kepengin apa-apa meksa mung diempet amarga kanthonge cupet. (dhuwit)

4.  - Asma : jeneng, nama
      - asma : lara napas, lara mengi

5.  - Beton : isi nangka
      - cor-coran semen karo kricak karo wedhi

6.  - enggal : anyar
     - enggal : cepet, age-age 

7.  - golek : luru, ngupadi, ngupaya
      - golek: boneka saka kayu, araning wayang saka kayu

8. lsp 

0 Response to "Homonim"

Post a Comment

CEK WETON

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :