Lelagon Dolanan

lelagon dolanan yaiku sawenehing lelagon kang ora kalebu ing wewengkon jinising tembang, lumrahe dianggo dening bocah-bocah.
Lelagon dolanan senadyan ora mesthi nglungguhi paugeraning geguritan, lumrahe kagolongake bangsane geguritan.
kang kagolong lelagon dolanan, kaya ta:
1. cublak-cublak suweng
2. kate-kate dipanah
3. jamuran
4. suwe ora jamu
5. menthog-menthog dakkandhani
6. gundhul-gundhul pacul
7. sluku-sluku bathok
8. lan liya-liyane

tuladhane:
KATE-KATE DIPANAH
kate-kate dipanah,
dipanah ngisor gelagah
ana manuk ondhe-ondhe,
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate
mbok sri bombok mbok sri kate

Menthok – menthok
Menthok menthok dakkandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu

Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang Sala
oleh-olehe payung motha
makjenthit lolo lobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit

ing sanjerone lelagon dolanan uga mengku pendhidhikan karakter tumrape bocah-bocah kaya dene kang diaturake dening sedherek Widodo

0 Response to "Lelagon Dolanan"

Post a Comment

CEK WETON

Nama Anda :
Tgl. Lahir Anda :